Minggu, 18 Oktober 2009

*SABDANING MOHO GURU*

Kito iki urip kang diarani Jumeneng,Manungso tinitah ing Alam Padhang,Kudu sumurup artining Patrap traping susilo
ateges Toto Kromo,Toto,Titi,Titis,Nastiti,Ngati-ati,Dugo Prayogo,
Temen,Sabar,Tawekal,Nerimo,
Tatag,Ikhlas,Sumeleh,Hening,Heneng,Awas Heneng lan Eling serto Waspodho.
Ojo podho kleru tompo,sebab kabeh kuwi wus diatur dening Ponco Driyo.
Mungguh kito urip sipating Manungso asal soko Dumadi lan Pambudi.
Yo iku kang diarani Pangeran sanyoto kuwi tegese wujud kito yekti,
Mulo soko iku kito jeneng wong kang ngaurip,Lumaku satindak kudu ngaweruhi hananiro
ojo demen lelemeran,kudu setyo tuhu marang gesangiro lan kapitayan marang badaniro dhewe mungguh lungguhe aku.
Mulo ora gampang yo ora angel mungguh lakuning Manungso sakbiso-biso ojo nyidrani janjiniro kang wus kawijil
Sabdo pandhito watak utomo:
Yen cidro temahing Billahi,Kito temen bakal tinemu,Kito becik bakal ketitik,Kito olo bakal ketoro.
Mulane mumpung kito isih gesang,ayo podho ngudi ngelmu kang sanyoto ing endi lungguhing elmu
margane poro Sanak Kadang samiyo ngudi tuwuh kudu tumindak
Sarojo,Trisno,Setyo,Tuhu,Prasojo lan Utomo Jerjering Manungso,...

1 komentar:

  1. Itu mohon berkenan dijelaskan arti nya dalam bahasa Indonesia terima kasih

    BalasHapus